Sabtu, 03 Maret 2012

Guci

Apa sing dibayangna dong kelingan nama kota Tegal? Warteg, Martabak, apa Teh Poci?

Teh Poci, kebayang nikmate seruput teh tubruk anget saka Slawi, nganggo gula batune sing dituang saka Poci tanah liat. Cerita tentang Teh Poci, dadi kelingan Guci. Guci kuwe poci pancuran gede sing asale saka alam. Banyune anget saka perut bumi, sing ditampung neng njero kolam, dadi pemandian umum.

Tua, enom, lanang, wadon berendem bareng-bareng. Penikmate njagong nikmati angete pancuran neng tengah kesejukan gunung Slamet. Banyu panas campur belerang, nggawe efek nyembuhna kulit-kulit sing wis tua. Mitos karo kenyataan tentang banyu belerang kiye wis diakui lan berlaku neng gunung vulkano neng endi bae.

Ana 13 pancuran umum karo 10 air terjun alam.Guci wis komersial, dadi bisa olih akeh pilihan nginep neng penginapan melati nyampe bintang empat. Ana sarana rekreasi misale numpak jaran karo hiking. Aktifitas neng Guci selaine berendem nggawe kulit apik, nikmati pemandangan alam, lan ana sing nggolet pesugihan.
 
Sayur2an seger saka kebun neng lereng2 gunung akeh didol, lan biasane digawa balik nggo oleh-oleh. Guci tempat sing cocok nggo liburan keluarga. Guci lokasine 40 km neng selatan kota Tegal jurusan Slawi, Purwokerto. Selamat menikmati Guci..



Tidak ada komentar:

Posting Komentar