Rabu, 29 Februari 2012

Kucingku :D

          Neng kene aku pan cerita tentang kucing-kucingku awit aku cilik. Keluargane aku pada seneng kucing kabeh, sing pertama seneng ya bapake aku. Dadine anak-anake ya pada melu seneng kucing, tapi ibune aku ora terlalu seneng. Nah, angger kucing-kucinge aku awit jaman mbiyen nganti saiki diitung mesti jumlahe akeeeh nemen. Sing aku kelingan namane, kuwe Arthemis, Arthemis nduwe anak namane Milky, Muna, Muti. Milky kuwe nakal nemen, senenge nyakar karo nyokot. Angger Muti kuwe mbiyen ceritane ketabrak trek, terus mati, lan dikubur neng pinggir umah. Akeh maning kucinge aku, namane Luna, Lulu, Wolly, Welly, Willy, Momot, Memet, Lilo, Loli, Lala, Fuku, Fuma, Michi, Nya-nya, Popo, Sashi, Yue, Nat-nat, Cimong, Cimeng, Cipui, Phuku, Ciku, Sadam, Popolo, Pepele, Pororo, Miyu, Ichan, Oti, Mi, Chan, Mochi, Pochi, Ichi, Uno, Uny, Messy, Missy, Mossy, Kisshi, Kusshi, Kimee, Kommo, Mickey. Haduuh pokoke akeh nemen wis, aku klalen namane sapa bae -____- Tapi saiki neng umah kucinge mung 3 tok, Kimee, Kusshi, karo Messy. Sebabe ya ana sing ilang, ana sing mati, keh contoh kucing-kucinge aku :


Kommo karo Kimee dong esih cilik

 

Kommo wis gedhe



Kimee wis gedhe, nduwe anak sing namane Uno



Phuku, biasane pada ngundange "Enthung"



Kusshi, tapi kue foto dong esih cilik, saiki kusshi wis gedhe nemen :D




 Wis yaaa, angger kucinge dibahas siji-siji ngko ora rampung-rampung, soale akeh nemen. Intine, aku seneng nemen maring kewan sing namane "KUCING", soale bisa nggo kanca neng umah, terus bisa dadi guling dong lagi bubuk ^^ 
miaaw ~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar