Sing dodol makanan neng Tegal biasane warung apa yuuh ? "WARTEG". Yaa jelaaas, warung tegal utawa sing biasa disingkat warteg kuwe wis terkenal neng kalangan masyarakat Indonesia. Saiki aku pengin mbahas makanan-makanan khas neng kota Tegal tercinta :D diantarane apa bae yah, ya disimak bae keh.
"Kupat Bongkok"
Nama Bongkok kuwe dijukut saka nama desa asale resep kupat kuwe, desa Bongkok kuwe perek nemen karo desane aku, desa Babakan. Bahan dasar makanan kiye jelas ketupat, ditambahi tauge, sayur tempe, mi pedes, lan neng nduwure didokoni kerupuk mi karo kecap.
"Kupat Glabed"
Kupat kiye nganggo sayur kuning lan potongan-potongan tempe sing cilik emang dadi makanan sing enak dicoba, warnane kuning lan didelengna sedep, ora klalen kuahe sing ngglabed. Neng bahasa Tegal, glabed kuwe artine kental. Pelengkap kupat kiye ya semacam sate kerang utawa sate kikil sing pedes. Wong dodol kupat glabed khas Randugunting kiye akehe ana neng alun-alun Tegal.
"Sate Kambing (wedhus)"
Sate neng Tegal bahan dasare daging wedhus enom sing dipotong-potong dadu. Terus disusun neng tusukan sing nggawene nganggo pring/tulang godhong kelapa, biasane dicampur gajih utawa ati. Sawise, daging sate dibakr neng nduwure arang batok kelapa nyampe mateng. Sate Tegal biasane disajikna karo sambel kecap (kecap manis, lombok, bawang abang, tomat).
"Soto Tegal"
Nah, sing nggawe soto tegal sejen karo soto biasane apa len? "tauco". Tauco kuwe kedelai sing didokoni ragi, tauco kuwe bumbu utama neng soto tegal. Angger wong sing nembe mangan tauco mesti jarene rasane aneh, soale rasane campur antara manis kari asem. Terus tambahan soto tegal ana potongan-potongan godhong bawang, bawang goreng lan liyane. Warung sing sering dikunjungi kuwe Warung Sedap Malam neng daerah Talang.
"Tahu Aci"
Tahu aci kiye nggawene nganggo tahu kuning sing dipotong segitiga, nduwure ditutupi nganggo aci. Terus digoreng neng minyak sing panas. Tahu aci kiye paling enak dipangan nggo camilan karo teh.
"Tahu Pletok"
Tahu pletok sejen karotahu aci, soalen tahu pletok kuwe acine luwih akeh, lan digoreng luwih suwe dadine garing lan gurih.
Angger penasaran karo makanan-makanan sing ana neng Tegal ya gari maring mene bae, okeeew ? ;) dijamin enak.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar